tanda-tanda wong banyumas

Kiye ana tanda-tandane nek rikane wong banyumas, nek ana siji utawa lewih tanda-tanda kiye ana neng awake rika, berarti ya rikane mesti asli wong banyumas, utawa turunan banyumas. Jajal hayo pada didheleng bareng,.. J

Wong banyumas biasane :

1. Rokoke 'Klembak Menjan'.

2. Sore-sore bojone gipyak nyiapna kopi, boled goreng karo cimplung.

3. Angger esuk-esuk weruh tanggane liwat nggawa pacul, tetep takon, "Rika arep maring sawah apa?".

4. Biyunge bali sekang pasar nggawa olih-olih cenil karo grontol.

5. Nek bali ngode maring nJakarta sing digawa gethuk goreng, lanthing, karo kripik.

6. Angger mudik sekang Jakarta sing digoleti sepisanan sroto Sokaraja, tempe bungkel karo buntil.

7. Ramane kongkon tuku gethuk goreng ASLI nang Sokaraja, bingung, sebab kabeh kios nganggo
jeneng ASLI.

8. Esuk-esuk mruput tangi turu, sing digramaki tuning radio nggoleti siarane pak Singa.

9. Senengane mangan obang-abing, karo nyruput kopi, maca “Radar Banyumas”

10. Esuk-esuk senengane mlaku-mlaku nggolet srabi anget karo empal sum-sum

11. Angger ngerti kancane nglomboni, terus njawab, "Alaaa...mitro...mitro...".

12. Nek dolan maring ndesa, suguhane badheg, gubeg, combro karo cimplung.

13. Plesirane maring Baturaden karo Guwa Lawa, sangune lonthong, kering tempe, sambel pecel.

14. Kroya jere 'Korea', Sokaraja jerene 'King Soka' terus angger Purbalingga jere 'Braling City'.

15. Angger ana bakul dawet, mbuh sing dodol wong lanang wis kaki-kaki,
tulisane tetep 'Dawet Ayu'.

16. Pahlawan kebanggaane Jendral Sudirman karo Gatot Subroto.

17. Lawakane Peyang-Penjol.

18. Mbuh wis ngerti marekna mendem, tetep kepengin njajal mangan bongkrek.

19. Angger diaruh-aruih, terus njawab, "Wong ingin . Anda marah ..".

20. Cilikane dolanan gobak sodor, jonjang umpet, benthik.(fyi : benthic neng nang nggonku
Tanggeran Somagede jenenge Cuthat utawa cak kadal)

21. Plester umahe kotor corat-coret bekas nggo dolanan dam-daman karo sunda manda.

22. Sore-sore repek.

23. Angger mangsan tebu pada ngrempon.

24. Nek bathuke kejedod lawang, Ninine ngolesi lenga klentik pas nang nggon sing menonong.

25. Angger listrike mati jere 'listrike anjlog'.

26. Ana daerah jenenge Buntu tapi jebulane prapatan.

27. Tanggal nom becere maring SE utawa MORO.

28. Angger bada, untune pada lara kakehen mangan kacang mbawang.

29. Bahasane disebut 'bahasa ngapak-ngapak'.

30. Nek weruh Parto lagi nglawak nang tivi, terus nylemong, "Kae tuli wong Bocari hoh ...".

31. Nek bali ngrantau kang Jakarta, ngomonge langsung nggaya “ Gua baru dhog dari Jakarta nih.”

32. Saben esuk biyunge kongkon anake wadon tuku mendoan nggo lawuh sarapan, sing tuku wis antri thirik-thirik akeh pisan.

33. Kaca mobil ngarep tulisane "Banyumas Racing Team".

34. Bemper mobil mburi tulisane "SATRIA".

35. Numpak mobil keliling kota mung arep nggoleti ..... dages karo ranjem.

36. Nek anake rebut bae, diomong “Ribut bae, kaya kecap,…”

37. Biyunge becere nang pasar wage, trus bapane nek nonton bioskop nang rajawali

Angger sampeyan krasa cocog karo salah siji sing nang nduwur kuwe, bisa dicurigai nek sampeyan wong Banyumas utawa turunane he...he...he...


apa ana tambahan liyane?




Komentar

  1. Tin, dulu waktu aku main ke Ajibarang sama seseorang kok kenek bisnya bilang gini..."Longok Barang Ayu......Longok Barang Ayu......!"
    Hehehe....trus akhirnya aku dikasih tahu ternyata itu artinya Cilongok Ajibarang Bumiayu..... Oalah.....Banyumas banyumas....

    BalasHapus
  2. wakakaka banyumas temenan yu..
    salam kenal yah..sekang wong PBG sing plat nomere RC hehehe..

    BalasHapus
  3. ngger rika wong banyumas, nyong nduwe draft novel bukak bae http://banyumasmblaketaket.blogspot.com (hari)

    BalasHapus
  4. warna tampilannya bikin puyeng. Tidak bisa membaca apapun, salam buat wong semarang yang tinggal serumah.

    BalasHapus
  5. kok setingnya gelap, sulit dibaca

    BalasHapus
  6. saiki wis jelas, ngerti kekarepane. Nanging aku nang Banyumas mung numpang sepuluh tahun tetep ra biso ngapak-ngapak. Kalah karo Burhan

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pria-pria yang ganjen dan gatal

Disiplin dan Resolusi

Lagu Indonesia Raya, kapan terakhir Anda menyanyikannya?